Keluarga SPI Bersama YUYUN

Keluarga SPI Bersama YUYUN

Topik Terhangat

Home » » Kangmas ing Ati

Kangmas ing Ati

Written By Unknown on Kamis, 05 Mei 2016 | 04.16

Kangmas ing Ati
Saka : Dzhie

Sasi mau ndang tak caritake sajak mimpi
Kangmas; reneya! Rene delok puping mata rasaku
Rene sakdela, sakpisan ndang kuwi sakkarepmu njur piye

Carita biyen, dudu kasajarah para wali utawa sesepuh
Dudu, kangmas.
Naning, tauntaun duka rong taun silam dewek nepike urip ing persimpangan wektu

Kangmas,
Elinga geguyon lan tetangis ing jero carita mau?
Elinga tali lan ikatan kui ndang tak kendorake?
Amukan, Menenga, lan kaegoisan dadi seksi bisu angkara murka ati

Ndang saiki aku kudu piye?
Sakjanjane tresna iki ana,
Utawa kapertahanan kui raja
Aku ...?
Akhhh,
Wong wadon liya ing uripmu kui keraguanku
Dudu ragu amarga tresna kui ilang,
Naning,
Rupa dan polah denok kasmaran kui nyata
Ora maido ndang rasa iki nyarupa cemburu
Aku ...
Elingana awak iki ya estri
Rasa lan tresna rasa padha ing jero ati
Padha-padha mekar kembang kasmaran
Ora ana beda, ora ana bedane, Kangmas!

Elingana,
Yen pancene sliramu dudu kasatria atiku
Wenehna aku pangertian--sebab!
Ndang kuwi, banjur lajune urip dak tak teruske tanpa utawa karo perananmu.

Terangake sakjanjane tresna kui ana!

Jkt'0116

0 komentar :

Posting Komentar